Minggu, 26 Februari 2012

Lirik LCS

Lirik LCS 2012

Nyidham Sari

Umpomo sliramu sekar melati
aku kumbang Nyidam Sari
Umpomo sliramu margi
wong bagus, aku kang bakal nglewati

Sineksen lintange luku
semono janji prasetia ning ati
tansah kumanthil ing netra rinoso
karasa arasaning ndriyo

Midero sak jagad raya paringana wukir lan samudro
nora ilang memanise aduh
dadi ati selawase

Nalika nira ing ndalu atiku
lamlamen siro wong ayu
nganti mati ora bakal lali
lha kae lintange mlaku






















Tanjung Mas Ninggal Janji

Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Nadyan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati

Semono Ugo Rasane Atiku
Mung Tansah Nunggu Tekamu
Ra Kroso Setaun Kowe Ninggal Aku
Kangen... Kangen'e Atiku

Aku Sik Kelingan Naliko Ing Pelabuhan
Kowe Janji Lungo Ra Ono Sewulan
Nanging Saiki
Wes Luwih Ing Janji
Nyatane Kowe Ora Bali-bali

Ning Pelabuhan Tanjung Mas Kene
Biyen Aku Ngeterke Kowe
Ning Pelabuhan Semarang Kene
Aku Tansah Ngenteni Kowe






















Sambel Kemangi

enake jangan asem kecut
sambele kemangi
mangane bubar nyambut gawe
senadyan lawuh tempe
neng sehat awake

segere ngombe banyu kendi
rokok nglinting dewe
senajan mung manggon ono deso
nyatane ayem tentrem
kumpul sak keluwargo

aku nrimo watone pokok seger waras
kayaku klumpukno kanggo ngragati sawah
ugo tuku bibit lan rabuk'e
mangan sakbendinane
sego sambel kemangi

enak opo wong urip ono ing alam dunyo
yen wegah rekoso urip ora biso mulyo
kudangane romo lan ibune sregepo nyambut gawe
ojo lali gustine



















Sewu Kutho

Sewo kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Podo rangerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni

Wis tak coba
Nglalekake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo
Senajan wektumu mung sedhela
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

1 komentar:

  1. Merit Casino Review 2021 | Honest Review by Experts
    Merit Casino Online is a Licensed Australian casino with a Curacao license. The Merit casino matchpoint is licensed 메리트카지노 by 1xbet a Curacao government and registered by the

    BalasHapus